Drama Bawang Merah dan Bawang Putih Bahasa Jawa
Drama ini terdiri dari 7 tokoh :
- Bawang Merah
- Bawang Putih
- Ibu Tiri
- Ibu Kandung
- Bapak
- Pangeran
- Peri
Bawang Merah Lan Bawang
Putih
Ing satunggaling dusun
wonten kaluarga yaiu kaluarganipun Bawang Putih. Nanging bapak Bawang Putih seg
wontem tugas ing luar kota, dados Bawang Putih tinggal kaliyan ibune ingkang
seg gerah. Wonten kaluarga ingkang mboten seneng kaliyan kaluarga Bawang Putih
yaiku kaluarga Bawang Merah.
o
Dinten
Enjing
Bawang Putih :
Enjing bu, kepripun keadaane napa sampun sae?
Ibu Kandung :
Alhamdulillah lumayan
Bawang Putih :
Napa ibu purun kula damelaken bubur?
Ibu Kandung :
Nggih anakku
Bawang Putih :
Nggih bu, tengge sekejap. Putih ajeng ndamelaken bubur rumiyin
Ibu Kandung :
Iya nduk
Bawang Putih lunga
wonten dapur lan nggawe bubur. Sakwise bubur sampun dados Bawang Putih dateng
wonten kamar ibune.
o
Wonten
Kamar
Bawang Putih :
Niki bu buburipun sampun dados.
Ibu Kandung :
Matur nuwun anakku.
Bawang Putih :
Enakkan bu bubur damelipun Putih?
Ibu Kandung :
Inggih nak, enak tenan iki bubure.
o
Dina
Sesuke
Bawang Merah :
Assalamu’alaikum.. ( kaliyan ngetuk pintu )
Bawang Putih :
Wa’alaikum salam, eh Bawang Merah, mongggo mlebet.
Bawang merah :
Iya, ibumu ana?
Bawang Putih :
Wonten, niku seg wonten kamar.
Bawang Merah :
Aku arep ketemu ibumu.
Bawang Putih :
Nggih, monggo tak terke.
o
Tekan
wonten kamaripun ibu
Bawang Putih :
Bu, niki Bawang Merah badhe ketemu ibu.
Bawang Merah :
Bi….
Ibu Kandung :
Mriki Merah, Putih lenggah.
Bawang Merah lan Bawang Putih : Nggih……
Bawang Merah :
Bu, niki Merah mbetoake bubur damelipun ibu Merah.
Ibu Kandung :
Repot-repot, matur nuwun nggih. Bibi maem nggih Merah.
Bawang Merah : Nggih bi…
Bawang Putih :
Bu, kulo ijin ngumbah rumiyin nggih wonten kali?
Ibu Kandung :
Iya nduk, ati-ati.
Bawang Putih :
Nggih bu, Assalamu’aikum.
Ibu Kandung lan Bawang Merah : Wa’alaikum salam.
Sak lajengipun maem
bubur saking Bawang Merah ujug-ujug Ibu Bawang Putih kejang-kejang lan akhire
ninggal. Bawang Merah langsung lunga ninggalake ibu Bawang Putih sing seg
kejang-kejang lan ngabarake neng ibune.
Bawang Merah :
Ibu…… Ibu……. Ibune Bawang Putih akhire mati.
Ibu Tiri : Wah tenanan? Ki kabar
sing paling nyenengake (Kaliyan ngguyu). Akhire mati…
Bawang
Merah : hahahahaha….
Ibu Tiri : Ngko Nilik’i ya, Terus
etok-etok nangis. Gole’ nangis sing bener kowe loh!
Bawang
Merah : Sip bu…
o
Bawang
Putih wangsul saking ngumbah wonten kali.
Bawang
Putih : Assalamu’alaikum, ibu…..
Ibu, Putih wangsul bu (Meng Kamar ibune). Astaghfirullah ibu, ibu kenging napa? Aja ninggalake Putih bu…
Bawang
Putih bingung lan panik, terus nelfon bapake sing seg kerja ing luar kota.
o
Ing
telfon
Bawang Putih :
Pak…. Bapak cepet wangsul.
Bapak :
Wonten napa to Bawang Putih?
Bawang Putih :
Niku pak, ibu….. Ibu sampun nilar.
Bapak :
Innalillahi, Bapak ajeng wangsul. Assalamu’alaikum……
Bawang Putih :
Wa’alaikum salam…..
o
Bapakipun
Bawang Putih sampun dugi wonten umah.
Bapak :
Putih, ibu pundi?
Bawang Putih :
(karo nangis) Niku pak wonten kamar
Ibu Tiri :
Putih, Kito turut belasungkawa ya…….
Bawang Putih :
Nggih bi, matur nuwun.
Bawang Merah lan Ibu Tiri : (nangis)
Sakwise pirang wulan,
akhire bapak Bawang Putih nikah kaliyan ibu Bawang Merah lan saiki Bawang Putih
urip bareng Bawang Merah lan ibu tirine.
o
Ing
ruang tamu
Bapak : Putih, sesuk bapak
ana tugas malih nang luar kota, Putih urip sing rukun ya kaliyan Bawang Merah?
Bawang
Putih : Nggih pak, Putih ajeng
rukun. Putih nggih sampun anggep mba Bawang merah dados mba’e Putih.
Bawang
Merah : Iya rayiku……
Dina sesuke Bapak Bawang
Putih lunga. Lungane Bapak Bawang Putih nggawe Ibu Bawang Merah lan Bawang
Merah bungah amarga bisa nyiksa Bawang Putih.
Bawang Putih :
Mbak, kito masak sareng-sareng!
Bawang
Merah : Hah, ra salah krungu?
Ngapa aku melu masak, nggawe tanganku rusuh wae, wis kono ndang masak!
(njorogna Bawang Putih).
Bawang Putih meng dapur
karo karo mikir omongane Bawang Merah. Sakwise masaknipun dados, Bawang Putih
nyajikna nang meja makan.
Ibu Tiri : Iki masakan apa? Kok
rasane asin (karo numplekna panganan neng rai Bawang Putih).
o
Ujug-ujug
Bapak Bawang Putih wangsul.
Bapak :
Assalamu’alaikum….
o
Ibu
Tiri kaget krungu suara Bapak ngucap salam.
Ibu Tiri :
Bawang Putih, ndang diresiki kabeh sadurung bapakmu ndeleng!
Bawang Putih :
Nggih bu…
Ibu Tiri :
Awas kowe ya nek kowe wani ngadu neng bapakmu!
Bapak :
Ana apa iki kok rungseb tenan?
Bawang
Putih : Iki pak, Bawang Putih
numplekna panganan amarga kirang ati-ati. Yakan Bawang Putih?
Bawang
Putih : Nggih pak, Putih nyuwun
ngaputen.
Bapak : Ya wis saiki ndang
diresiki. Bapak arep istirahat sik…
Ibu Tiri : Bapak purun didamelaken
kopi?
Bapak : Nggih bu…
o
Ibu
nggawe kopi
Ibu Tiri :
Niki pak kopinipun.
Bapak :
Matur nuwun bu.
o
Dina
sesuke
Ibu Tiri : Pak, niku Bawang Putih
mboten purun ngapa-ngapa. Kerjaane mukur nyante-nyante tok.
Bapak : Ya wis bu, mangke
Bawang Putih tak omongane.
o
Bapak
nemoni Bawang Putih
Bapak :
Putih, mriki tak kandani.
Bawang Putih :
Napa pak?
Bapak : Jere ibu, kowe nang
omah ra gelem ngapa-ngapa. Kaya kuwi ya kerjaane nek ra ana bapak.
Bawang
Putih : (mukur meneng)
Bapak : Deneng kowe ra gelem
njawab, berarti omongane ibu bener ya?
Bawang
Putih : (mukur temungkul karo
nangis)
Bapak : Putih!!! (nyekel dada
amarga penyakit jantunge kumat lan terus tiba.
Bawang
Putih : Bapak…. Bapak kenging
napa pak?
Ibu Tiri : Putih, Kowe ngapakno
bapak? Kowe pingin bapak cepet mati ya? Ayo bapak digawa menyang kamar.
Sakwise pirang-pirang
wulan, amarga ibune kesel ngurusi bapak sing sakit-sakitan. Ibu Bawang Merah
nuker obat sing asli karo obat liya. Bawang Putih kaya biasane ngeterne obat
marang bapak.
o
Wonten
kamaripun bapak
Bawang Putih :
Pak, niki kula mbetoaken obat.
Bapak :
Iya, matur nuwun Putih.
Bawang Putih :
Nggih Pak….
o
Sakwise
ngumbe obatipun, bapak kejang-kejang.
Bawang Putih :
Pak, bapak kenging napa? Mbak, ibu mriki cepetan…
Bawang Merah lan Ibu Tiri : Bapak, bapak kenging
napa?
Ibu Tiri :
Putih, kowe ngapakna bapak?
Bawang Putih :
Putih mboten ngertos bu…. (karo nangis)
Akhire bapakipun tilar.
Sakwise bapak dikubur, Bawang Putih urip dewean kaliyan siksanipun Ibu Tiri lan
Bawang Putih.
o
Enjing
niku Bawang Merah ngomel-ngomel
Bawang
Merah : Bu…. Ibu…. Klambiku rusuh
kabeh iki, wis ora ana sing resik. Apa ora ana sing ngumbaih bu?
Ibu Tiri : kowe kenapa sih nduk?
Isuk-isuk kok wis ngomel wae.
Bawang
Merah : Delok ki bu, klambiku
rusuh kabeh.
Ibu Tiri : Ndi ndi! Ibu ndelo…. Ih
iya tenanan rusuh kabeh, klambine ibu ya rusuh kabeh. Ndi Putih? Wis-wis ben
ibu sing ngongkon Bawang Putih kon ngumbaih. Putih…. Putih…. Neng ndi sih?
Bawang Putih!
o
Bawang
Putih teko
Bawang Putih :
Nggih bu, wonten napa?
Ibu Tiri :
Suwe tenan sih, diceluki ra nyaut blas. Dublek apa piye?
Bawang Merah :
Ra nduwe kuping kuwi bu…
Bawang Putih :
Anu bu …. Kula seg wonten dapur, seg nggodog wedang.
Ibu Tiri : Alaaah… alesan wae.
Delok iki, klambi pada rusuh kabeh, ora ana sing bisa dingo. Suwe-suwe ora nggo
klambi. Saiki kowe budalo neng kali gawa klambi iki lan ora usah kesuen (karo
nguncalna klambi rusuh neng Bawang Putih).
Bawang
Merah : Iki Umbahen kabeh, awas ne
kana sing rusak….. sing wangi, ra usah kesuen!
Bawang Putih ngukuti
klambine lan lngsung lunga neng kali, tekan kali Bawang Putih ngumbaih klambine
Bawang Merah kalih nembang.
Bawang
Putih : Jajal nek wong tuwoku
isih ana, uripku mesti ora sak nelangsa iki (selendange kenter).
Pangeran : (ngrungokna suara Bawang
Putih nembang, tercengang lan meneng ngrugokake). Wah suarane merdu tenan . . .
. sapa ya iku?
Ujug-ujug
keng adohan keton ibu kandung Bawang Putih, Bawang Putih kaget.
Bawang
Putih : Ibu ….
Ibu
Kandung : Anakku kudu sabar
ngadepi kabeh iki, sabar ya. Kelak kowe bakal nemuake kebungahan.
o
Ujug-ujug
bayangan iku lunga
Bawang
Putih : Aneh, iku mesti mukur
angen-angenku tok (karo nggelengna sirah). Ahh, aku kudu cepet-cepet bali.
Pangeran : (nemokake slendang nang
kali). Iki mesti selendang wong sing nembang mau. Aku kudu mbalekna.
Nalika Bawang
Putih ngliwati hutan, Bawang Putih ketemu seorang peri.
Peri : Cah ayu, ngapa
tho kok murung ae. Peri bisa ndelo neng raimu, nek kowe kepingin nemokake
kebungahan, kowe kudu sabar, mbalik o neng ujung kali neng hutan iki…..
Bawang
Putih : Tenanan Peri?
Peri : Ngandelo, kowe
bakalan nemu kebungahan (peri langsung lunga ninggalake Bawang Putih).
Bawang
Putih : Peri……. (langsung bali
menyang umah).
Tekan umah
Bawang Putih mbalekna klambi marang Bawang Merah lan Ibu Tiri.
Bawang
Merah : Ihhh….. selendangku ndi?
Bawang Putih selendangku ndi? Kowe nyolong ya?
Ibu Tiri : Bawang Putih ndi
selendange? Kowe iki ngumbaih apa nyolong? Kowe kekurangan gombal po piye,
ngantek kudu nyolong. Pokoke ibu ora kepingin ngerti, kowe kudu mbalekna
selendang iku!
Bawang Putih : Anu bu, selendangipun kintir kegawa
banyu.
Ibu Tiri : Alesan, wis ra usah
pasang rai kaya kuwi.
Bawang
Merah : Dasar, bisane ngilangna
tok….. kerja ora tau beres.
Ibu Tiri : Wis ndang ngaleh, dina
iki kowe ora ulih jatah mangan lan umbe.
o
Bawang
Putih menyang kamar lan nangis ngantek keturon. Nang
ngimpi Bawang Putih ketemu ibune.
Ibu Kandung :
Bawang Putih kowe nangapa? Kok nangis?
Bawang Putih :
Mboten ngapa-ngapa bu…… (karo ngusap banyu mripate).
Ibu Kandung :
Aja sedih anakku, sesuk kowe arep ulih kebungahan.
o
Ujug-ujug
Bawang Putih tangi tekan turune karo ngomong
Bawang Putih :
Neng ndi kebungahan iku bu?
o
Dina
sesuke
Ibu Tiri :
Putih. . . . .
Bawang Putih :
Napa bu ……. (nyekel sapu)
Ibu Tiri :
Wis beres-beres umah pa durung?
Bawang Putih :
Niki seg nyapu bu.
Ibu Tiri :
Ya wis, sing resik, terus ngko kari nggoleki selendang sing ilang!
Cepetan. Ora usah lelet,
kaya keyong ae.
Bawang Putih :
Nggih bu.
o
Bawang
Putih meng kali nggoleki selendang iku.
Pangeran :
Napa iki selendangmu? (ngecungna selendange)
Bawang Putih :
Nggih, niki selendangku ingkang ical.
Pangeran :
Sapa asmamu cah ayu?
Bawang Putih :
Bawang Putih, pangeran.
Pangeran :
Bawang Putih ? Tenanan sampeyan Bawang Putih ?
Bawang Putih :
Tenanan . . . .
Pangeran :
Aku bakal mbeto kowe marang istanaku.
Bawang Putih :
Nanging, Kula kudu ijin rumiyin kaleh ibu.
Pangeran :
Nggih, kula ajeng ngeterake kowe nyuwun ijin marang ibumu.
o
Bawang
Putih lan pangeran menyang umah. Tekan umah….
Ibu Tiri :
Bawang Putih, nang ndi ae kowe, sapa wong lanang iku?
Bawang Merah :
Ndi selendangku ?
Bawang Putih :
Iki mbak ……
Pangeran :
Bu, kula mriki ajeng nyuwun ijin ngge nglamar Bawang Putih.
Bawang Merah :
Enak ae, iku ora bakal Bawang Putih!
Bawang Putih :
Nanging mbak . . . .
Bawang Merah :
Kowe ra bakal bisa nikah sadurung aku.
Ibu Tiri : Iya, enak wae kowe ya
Bawang Putih, terus sapa sing arep ngurus umah iki?
Pangeran :Wis-wis, kula ajeng ngajak
ibu lan Bawang Merah manggon neng istanaku.
Bawang
Putih : Tenanan ? Matur nuwun
Pangeranku.
Pangeran : Iya Bawang Putih…..
Akhire Pangeran lan
Bawang Putih urip kalanggengan bungah neng istana. Bawang Merah lan ibunipun
berubah dadi wong sing apik lan melok Bawang Putih ing istana kaliyan pangeran.
….TAMAT….

Komentar
Posting Komentar